Geguritan kang tinulis miturut "metrum" tartamtu. Saben "metrum" duwé aturan dhéwé ing babagan:
Ing kasusastran Jawa, ana sawatara "metrum" kang wis umum dicakaké. Kajaba aturan ing nduwur, saben jinis "metrum" uga duwé lagu dhéwé. Mula "metrum" kuwi uga kasebut tembang utawa sekar macapat. Tembung Macapat dhéwé uga bisa duwé teges cara maca geguritan sarana katembangaké. Sekar macapat kang ana ing sastra Jawa yakuwi: | Puisi yang bait-baitnya ditulis berdasarkan metrum tertentu. Setiap metrum mempunyai ketentuan tersendiri dalam hal:
Dalam kesusastraan Jawa, ada sejumlah metrum yang sudah umum digunakan. Selan aturan yang teal dipaparkan di atas, setiap jenis metrum juga mempunyai lagu tersendiri. Oleh karena itu, metrum-metrum tersebut juga disebut tembang atau sekar macapat. Kata macapat sendiri juga dapat diartikan sebagai teknik membaca puisi dengan cara dilagukan. Sekar macapat yang dikenal dalam sastra Jawa adalah sebagai berikut: |
Sekar Macapat Alit/Asli:
| Sekar Macapat Alit/Asli:
|
Sekar Macapat Tengahan:
| Sekar Macapat Tengahan:
|
Sekar Macapat Ageng: Girisa
| Sekar Macapat Ageng: Girisa
|
| Sekar Macapat | Guru gatra | Guru wilangan | Guru lagu |
| Mijil | 6 | 10, 6, 10, 10, 6, 6 | i, o, e, i, i ,u |
| Sinom | 9 | 8, 8, 8, 8, 7, 8, 7, 8, 12 | a, i, a, i, i, u ,a ,i, a |
| Dandanggula | 10 | 10, 10, 8, 7, 9, 7, 6, 8, 12, 7 | i, a, e, u,i, a, u ,a ,i, a |
| Kinanthi | 6 | 8, 8, 8, 8, 8, 8, 8 | u, i, a, i, a, i |
| Asmarandana | 7 | 8, 8, 8, 8, 7, 8, 8 | a, i, e, a, a, u, a |
| Durma | 7 | 12, 7, 6, 7, 8, 5, 7, | a, i, a, a, i, a, i |
| Pangkur | 7 | 8, 11, 8, 7, 12, 8, 8, | a, i, u, a, u, a, i |
| Maskumambang | 4 | 12, 6, 8, 8 | i, a, i, a, a |
| Pucung | 4 | 12, 6, 8, 12 | u, a, i, a |
| Jurudhemung | 7 | 8, 8, 8, 8, 8, 8, 8 | a, u, u, a, u, a, u |
| Wirangrong | 6 | 8, 8, 10, 6, 7, 8 | i, o, u, i, a, a |
| Balabak | 6 | 12, 3, 12, 3, 12, 3 | a, e, a, e, u, e |
| Gambuh | 5 | 7, 10, 12, 8, 8 | u, u, i, u, o |
| Megatruh | 4 | 12, 8, 8, 8, | u, i, u, i, o |
| Girisa | 8 | 8, 8, 8, 8, 8, 8, 8, 8, | a, a, a, a, a, a, a, a |
Tuladha (contoh):
Sinom :
Pangéran kang sipat murah (8/a)
Njurungi kajating dasih (8/i)
Ingkang temen tinemenan (8/a)
Pan iku ujaring dalil (8/i)
Nyatané ana ugi (7/i)
Iya Kiyageng ing Tarub (8/u)
Wiwitané nenedha (7/a)
Tan pedhot tumekèng siwi (8/i)
Wayah buyut canggah warèngé kang tampa (12/a)
Dandanggula:
Éling-éling pra kadang dèn éling (10/i)
Uripira ing ndonya tan lama (10/a)
Bebasan mung mampir ngombé (8/e)
Cinecep nulya wangsul (7/u)
Mring asalé sangkané nguni (9/i)
Begja kang wus pana (7/a)
Sangkan paranipun (6/u)
Dedalan kang dèn ambah (8/a)
Mrih rahayu lumampah margi utami (12/i)
Sejatining kasidan (7/a)
Kinanthi:
Padha gulangen ing kalbu (8/u)
Ing samita amrih lantip (8/i)
Aja pijer mangan néndra (8/a)
Kaprawiran dèn kaèsthi (8/i)
Pesunen sariranira (8/a)
Sudanen dhahar lan guling (8/i)
Asmarandana:
Anjasmara ari mami (8/a)
Masmirah kulaka warta (8/a)
Anèng kuta Probolinggo (8/o)
Prang tanding lan Wurubisma (8/a)
Kariya slamet wong ayu (8/u)
Pun kakang pamit palastra (8/a)
Megatruh:
Sigra milir sang gèthèk sinanggga bajul (12/u)
Kawan dasa kang njagani (8/i)
Ing ngajeng miwah ing pungkur (8/u)
Sinangga ing kanan kèring (8/i)
Sang gèthèk lampahnya alon (8/o)
Wirangrong:
Tan pantes akèh ngawruhi (8.i)
Mulané lamun miraos (8/o)
Dipun ngarah-arah ywa kabanjur (10/u)
Yèn uwis kawijil (6/i)
Tan kena tinututan (7/a)
Mulané dipun prayitna (8/a)
Pucung
Bapak pucung dudu watu dudu gunung (12/a)
sangkane ing sabrang (6/a)
ngon-ingone Sang Bupati (8/i)
yen lumampah si pucung lambeyan grana (12/a)
Bapak pucung dudu mega dudu mendhung (12/a)
Dawa kaya ula (6/a)
ancik-ancik wesi miring (8/i)
lunga teka si pucung ngumbar suwara (12/a)
No comments:
Post a Comment